Menyang kontèn

Wikipédia:Pamblokiran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pamblokiran iku sawijining istilah teknis nalika sawijining akun, sawijining alamat/blok alamat IP, utawa sawenèh wong ingcegah ngayahi panyuntingan Wikipedia. Tumrap sysop lan birokrat, sawetara kawenangan tambahan uga bisa kapengaruh déning pamblokiran.

Pamblokiran kerep ingpigunakaké kanggo nangani vandalisme. Ana sawetara situasi liya ing ngening pamblokiran patut dilakoni, sing bakal dijelasaké ing ngisor. Jroning kabèh kasus, pamblokiran sipaté luwih nyegah lan ora ngukum, lan mung diayahi kanggo ngindhari kerusakan Wikipedia. Blokir umumé efektif sajroning 24 jam, kajaba kanggo sawetara kasus sing uga bakal dijelasaké ing ngisor, lan biasané bakal dibusak yèn kontributor kasebut setuju kanggo ngendhegaké tindakan sing ngrusak.

Kabèh naraguna bisa ngirim panyuwunan pamblokiran liwat Warung Kopi. Tindakan sigra bakal diayahi yèn bukti-bukti pelanggaran kawicaksanan bisa diwènèhaké; nanging, panata ora kudu mblokir.

Sing bisa nyebabaké pamblokiran

[besut sumber]
Vandalisme
Pirsani katrangan ngenani vandalisme.
Pembalikan sing maturut-turut
Sysop olèh ngayahi pamblokiran marang naraguna sing nglanggar Balèkaké sedina ping telu (three revert rule).
Serangan pribadi
Pirsani paugeran ngenani panyerangan pribadi.
Pengiriman detil pribadi
Diayahi marang naraguna sing ngirim detil pribadi naraguna liya tanpa pasetujon naraguna kasebut.
Pangrusakan
Pelanggaran hak cipta lan plagiarisme
Panggunaan jeneng naraguna
Pirsani kawicaksanan jeneng naraguna.
Pencekalan

Dampak pamblokiran

[besut sumber]

Yèn sawijining naraguna diblokir, ing kaca dhiskusiné bakal dipasang pesen kaya iki :

Yèn sawijining naraguna diblokir, dhèwèké ora bakal bisa gawé akun anyar utawa nyunting kaca, sajroning mangsa diblok (bab iki ora lumaku tumrap sing diblok salawasé).

Pamblokiran ora kasengaja

[besut sumber]

Yèn pamjenengan ora sengaja ka-blok lan yèn panjenengan ora nglakoni tindakan sing dilarang, omonga marang para panata supaya mbatalaké pamblokiran, liwat dhiskusi naraguna panjenengan. Sebab, kaca iki sing mung bisa disunting jroning mangsa pamblokiran.

Prosedur pamblokiran

[besut sumber]

Pènget

[besut sumber]

Saben wong mlebu Wikipedia minangka wong anyar. Amarga saka kuwi kita ngupaya sabar, lan nganggep yèn umumé wong kepingin ngembangaké proyèk iki, ora kepingin ngrusak. Kita uga nyuwun para naraguna anyar nyinaoni Kawicaksanan lan paugeran supaya bisa ngéndhani kasalahan.

Amarga saka kuwi, sadurungé mblokir, kudu diupayakaké supaya naraguna kasebut diwènèhi weruh ngenani kawicaksanan lan paugeran kita, lan diwènèhi pènget ngenani perilaku sing nglanggar kawicaksanan kasebut. Pènget dudu sarat kanggo pamblokiran (utamané pamblokiran kanggo pangreksan), nanging panata umumé kudu mesthèkaké yèn naraguna ngenal kawicaksanan-kawicaksanan Wikipedia, lan mènèhi kasempatan kanggo nyesuaikaké dhiri sadurungé mblokir. Naraguna sing wis diwènèhi weruh ngenani kawicaksanan lan diwènèhi kasempatan kasebut ora perlu diwènèhi pènget manèh.

Wektu pamblokiran

[besut sumber]

Gunané pamblokiran yakuwi perlindhungan, dudu ukuman. Suwéné pamblokiran kudu magepokan karo kacenderungan naraguna kasebut mbalèni perilakuné sing ngrusak. Pamblokiran kanthi jangka wektu suwé iku kanggo pangrusakan sing makaping-kaping lan kanggo ngurangi beban kapanatan.

Pamblokiran alamat IP dinamis biasané luwih cendhak tinimbang kanggo alamat IP statis jroning kasus sing mèmper, kanggo ngindhari èfèk samping wong liya sing bakal migunakaké alamat IP kasebut.

Senadyan suwéné pamblokiran gumantung marang manéka kahanan, ana sawetara standar:

  • pangrusakan biasané ngakibataké pamblokiran 24 jam, yèn pangrusakan iki makaping-kaping jangka wektu pamblokiran bakal luwih dawa;
  • akun sing dipigunakaké kanggo pangrusakan diblokir salawasé;
  • pamblokiran kanggo perlindhungan biasané dipatrapaké samangsa perlu, kadhangkala salawasé.

Alesan lan pemberitahuan

[besut sumber]

Panata kudu mènèhi alesan sing jelas lan spesifik kenapa sawijining naraguna diblokir. Alesan pamblokiran kudu ngindhari jargon utawa istilah teknis supaya naraguna bisa mangertèni. Panata uga bisa ngayahi bab iki kanthi ninggalaké pesen ing kaca dhiskusi naraguna kasebut.