Basa Basque
Basque | ||
---|---|---|
euskara | ||
Dituturaké ing | Spanyol Prancis | |
Wilayah | Cithakan:Country data Basque Country Nagari Basque kejawi pérangan paling kilèn saking Biscay, sapérangan ageng Alava lan Navarre | |
Gunggung panutur | 1,063,700 (basa pisanan: 665,700) taun 2006[1] | |
Ranking | 247 | |
Rumpun basa | Isolat (Pirsani ngandhap) | |
Status resmi | ||
Basa resmi ing | Basque Country Autonomous Community lan Navarre | |
Regulated by | Euskaltzaindia | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | eu
| |
ISO 639-2 | baq (B) Cithakan:Infobox Language/terminological
| |
ISO 639-3 | eus
| |
|
Basque (wonten ing Basque: euskara) inggih punika basa ingkang dipuntuturaken déning tiyang Basque ingkang dumunung ing Pyrenea ing Lèr-Tengah Spanyol lan sisihan kaliyan kawasan Lèr-Kilèn Prancis. Langkung mligi, Basque ingkang dumunung wonten ing wewengkon otonom Spanyol ingkang dipuntepangi minangka Nagari Basque (Euskadi), ingkang gadhah kapentingan kabudayan lan otonomi pulitik. Tiyang Basque ugi minangka sapérangan ageng pendhudhuk saking wewengkon ingkang dipuntepangi minangka Nagari Basque Lèr ing Prancis lan wewengkon otonom Navarro ing Spanyol. Nami kanggé basa wonten ing Basque Standar inggih punika euskara; wangun dhialèk sanès inggih punika euskera, eskuara lan üskara. Éwadéné géografinipun dipunklilingi déning basa Indo-Éropah, Basque dipunpitadosi minangka basa ingkang kapinggiraken. Piyambakipun sanès basa Indo-Éropah.[2]
Sajarah lan klasifikasi
[besut | besut sumber]Leluhur bangsa Basque inggih punika salah satunggaling kang ndunungi paling sepuh Éropah, lan asal-usulipun taksih dèrèng dipunmangertosi. Mekaten ugi kanthi asal-usul basanipun. Langkung kathah sarjana sami nganggep Basque minangka basa ingkang kaisolasi.
Tulisan-tulisan Latin wonten ing Aquitania nglestantunaken sapérangan tembung ingkang mèmper kaliyan basa proto-Basque, kados wonten ing nama dhiri Nescato (neskato tegesipun "kenya enèm" wonten ing basa Basque modhèren). Basa ingkang dipunusulaken punika dipunsukani nama "Aquitania" lan dipundugi dipun-ginakaken sadèrèngipun tiyang-tiyang saking Romawi bekta basa Latin dhumateng wewengkon Pyrenea kilèn. Amargi tiyang-tiyang Romawi nilaraken tlatah lebet punika, basa Basque Aquitania saged kajagi, déné basa Iberia lan Tartessia mati. Basque lajeng mendhet sapérangan tetembungan Latin, ingkang sadèrèngipun lan sasampunipun basa Latin wonten ing tlatah punika ngrembaka dados basa Gascon (satunggaling pang saking basa Occitan) lan Roman Navarro.[3]
Amargi wates antawising Basque lan tlatah Gascon langkung kirang saking tlatah Basque lan Kastilian, limrahipun dipundugi bilih bangsa Basque asalipun saking Aquitania lan bilih golongan punika migrasi dhumateng sisih kidul.
Sistem panyeratan
[besut | besut sumber]Basa Basque dipunserat kanthi migunakaken abjad Latin. Huruf mligi ingkang universal inggih punika ñ; kadhang kala ç lan ü ugi dipun-ginakaken. Basa Basque boten migunakaken c, q, v, w, y kejawi kanggé tembung-tembung silihan; huruf-huruf punika boten dipunanggep minangka péranganing abjad Basque.
- Aa Bb Dd Ee Ff Gg Hh Ii Jj Kk Ll Mm Nn Ññ Oo Pp Rr Ss Tt Uu Xx Zz
dd, ll, rr, ts, tt, tx, tz boten dipuntindakaken minangka digraf.
Wonten ing ortografi Sabino Arana (1865..1903), ll lan rr kagantosaken kaliyan ĺ lan ŕ.
Unèn- unèn
[besut | besut sumber]Unèn-unèn dhasar
[besut | besut sumber]- Bai = inggih
- Ez = boten
- Kaixo!, Agur! = Hallo
- Agur!, Adio! = Sugeng pepanggihan!
- Ikusi arte = Sugeng pepanggihan malih!
- Eskerrik asko! = Matur nuwun!
- Egun on = Sugeng énjing (teges barès: Sugeng siyang)
- Egun on, bai = Wangsulan standar kanggé Egun on
- Arratsalde on = Sugeng ndalu (Good evening)
- Gabon = Sugeng ndalu (Good night)
- Mesedez = Nyuwun tulung (please)
- Barkatu = Pangapunten
- Aizu! = Mirengaken! (nyuwun kawigatosan, kirang sopan, namung dipun-ginakaken kaliyan kanca)[4]
Wilangan
[besut | besut sumber]1 | bat |
2 | bi |
3 | hiru |
4 | lau |
5 | bost |
6 | sei |
7 | zazpi |
8 | zortzi |
9 | bederatzi |
10 | hamar |
11 | hamaika |
12 | hamabi |
13 | hamahiru |
14 | hamalau |
15 | hamabost |
16 | hamasei |
17 | hamazazpi |
18 | hemezortzi |
19 | hemeretzi |
20 | hogei |
21 | hogeita bat |
22 | hogeita bi |
23 | hogeita hiru |
30 | hogeita hamar (20+10) |
31 | hogeita hamaika (20+11) |
40 | berrogei (2×20) |
50 | berrogeita hamar (2×20+10) |
60 | hirurogeita (3×20) |
70 | hirurogeita hamar (3×20+10) |
80 | larogei |
90 | larogeita hamar |
100 | ehun |
200 | berrehun |
300 | hirurehun |
1000 | mila |
2000 | bimila |
1.000.000 | milioi bat |
gunggung _____ | _____ zenbaki (sepur, bis, lsp.) |
setengah | erdi |
kirang | gutxi |
langkung | gehiago |
Kamus
[besut | besut sumber]- Basque Dictionary Archived 2007-02-03 at the Wayback Machine. from Webster's Dictionary
Pranala njawi
[besut | besut sumber]Èdhisi Basque saka Wikipédia, bauwarna bébas |
- Center for Basque Studies at University of Nevada, Reno
- Larry Trask: A Linguistic Sketch of Basque
- Larry Trask: Some Important Basque Words (And a Bit of Culture)
- A proposal for Basque SAMPA
- The Devil Wanted to Learn Basque Archived 2006-05-06 at the Wayback Machine. dari France Monthly Archived 2006-05-16 at the Wayback Machine.
Tata basa
[besut | besut sumber]- University of the Basque Country: A Brief Grammar of Euskara, the Basque Language
- Basque Verb Tables Archived 2005-12-15 at the Wayback Machine.
Kamus
[besut | besut sumber]Klasifikasi
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Forth sociolinguistic enquiries in Basque Country or IV. Inkesta Soziolinguistikoa
- ↑ Lapuran etnolog kanggé Basque
- ↑ http://www.hermanboel.be/taal-en-basque.htm Archived 2014-08-05 at the Wayback Machine. Concise course of Basque
- ↑ Basque Studies Program Newsletter · Issue 18, 1978. Miguel Echegaray maringaken sapérangan usulan perékawis kemungkinan gegandhèngan ètimologis antawisipun tembung-tembung Basque lan Inggris
Wacanan sapanjuré
[besut | besut sumber]- AZURMENDI, Joxe: "Die Bedeutung der Sprache in Renaissance und Reformation und die Entstehung der baskischen Literatur im religiösen und politischen Konfliktgebiet zwischen Spanien und Frankreich" In: Wolfgang W. Moelleken (Herausgeber), Peter J. Weber (Herausgeber): Neue Forschungsarbeiten zur Kontaktlinguistik, Bonn: Dümmler, 1997. ISBN 978-3537864192
- HUALDE, José Ignacio & DE URBINA, Jon Ortiz (eds.): A Grammar of Basque. Berlin: Mouton de Gruyter, 2003. ISBN 3-11-017683-1.
- TRASK, R. Larry: History of Basque. New York/London: Routledge, 1996. ISBN 0-415-13116-2.
Èdhisi Basque saka Wikipédia, bauwarna bébas |