Artikel iki mbahas 'wilangan' minangka siji konsèp sajeroning matématika. Pangertèn-pangertèn liya saka 'wilangan' bisa dipirsani ing Wilangan (disambiguasi).
Prosedhur-prosedhur tinentu sing njupuk wilangan minangka lebonan lan ngasilaké wilangan liyané minangka wetonan, diarani operasi numeris. Operasi uner njupuk siji lebonan wilangan lan ngasilaké siji wetonan wilangan. Operasi sing luwih umum tinemu ya iku operasi biner, sing njupuk rong wilangan minangka lebonan lan ngasilaké siji wilangan minangka wetonan. Conto operasi biner ya iku tambah, suda, ping, para, lan pangkat. Babagan matématika sing njabaraké operasi numeris diarani aritmetika.