Kolesterol

Kolésterol yaiku molekul lemak ing jero sél kang dipérang dadi LDL, HDL, total kolésterol lan triglisérida.[1] Sejatiné kolésterol iku komponén lemak.[1] Kaya kang wis dimangerténi déning masarakat yèn lemak iku zat gizi kang diperlokaké awak saliyané karbohidrat, kalsium, lsp.[1] Lemak iku sumber énergi kang ménéhi kalori paling dhuwur.[1] Kolésterol iki sajatiné zat kang wigati kanggo awak, nanging nalika cacahé wis kakéhan bisa marakake lelara.[1] Kakéhan kolésterol iku mau bisa marakaké aterosklerosis, yaiku saya ciuté pembuluh getih utawa marakaké saya atos pembuluh getih. Yèn wis kaya mangkonobakalé dadi cikal bakal lelara jantung lan stroke.
Faktor-faktor Mundhake Kolesterol
[besut | besut sumber]Ana 7 prakara kang marakaké kolésterol ing awak saya mundhak.[2]
- Panganan kang dikonsumsi sadina-dina
- Bobot awak
- Kurang Olah Raga
- Umur lan jinis kelamin
- Penyakit tertamtu
- Sajarah kulawarga (genetik)
- Rokok
Bebayane Kolésterol
[besut | besut sumber]
Keluwihan kolésterol iku ora becik kanggo awak,kaya ta.[3]
- Nutupi pembuluh getih utek kang bisa marakake serangan jantung.
- Nutupi pembuluh getih jantung kang bisa marakake stroke
Patokan Ukuran Kadar Kolésterol Normal
[besut | besut sumber]Kadar kolésterol kang normal iku ana patokane kaya ing ngisor iki.[3]
- Kolestérol total < 200 mg/dl
- Kolestérol HDL 35 – 65 mg/dl
- Kolestérol LDL < 150 mg/dl
- Triglisérida < 200 mg/dl
- Ratio kolésterol total: kolésterol HDL < 5
Ngatasi Kolésterol
[besut | besut sumber]
Ana warna-warna cara kanggo ngatasi utawa ngendalékaké kolesterol, kaya ta:[4]
- Diét kanthi ngonsumsi panganan kang kadar lemak lan kolésterolé cendhék.
- Konsumsi panganan kang akèh serat.
- Konsumsi antioksidan.
- Ora ngombé alkohol lan ngrokok.
- Ulah raga
5 Jinis Panganan Kanggo Ngatasi Kolésterol
[besut | besut sumber]
Ana 5 jinis panganan kang apik yèn ditambahaké ing menu diét kolésterol.[5]
- Almond, yaiku jinis kacang-kacangan kang bisa ngudunaké LDL nganti 4,4%
- Oatmeal
- Iwak kang ngandung Omega3 kaya ta tuna lan salmon
- Anggur Merah kang ngandung flanavols bisa ngudhunké kolésterol lan ngendhekake lelara jantung
- Kacang kedelai bisa ngudunaké produksi kolésterol anyar.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e "farmasiku". Diarsip saka sing asli ing 2011-02-25. Dibukak ing 2011-04-21.
- ↑ "mubarokonline". Diarsip saka sing asli ing 2012-11-15. Dibukak ing 2011-04-21.
- ↑ a b gizi.net
- ↑ kumpulaninfo
- ↑ carahidup.um.ac.id[pranala mati permanèn]