Menyang kontèn

Bun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bun

Bun utawa ebun ya iku prosès kabentuke partikel-partikel banyu amarga kondensasi uwab banyu luwih kuwat katimbang prosès penguwaban banyu ing hawa.[1] Gampange bun ya iku prosès pangebunan, malihé gas dadi cuwèran utawa uwab kang dadi titik-titik banyu.

Kabentuke bun

[besut | besut sumber]

Bun dumadi saka hawa kang cedhak lemah banjur dadi adem.[1] Hawa mau nyedhaki titik ing endi hawa ora cukup kanggo nadhahi uwab banyu. Luber uwab mau dadi bun ing dhuwur barang-barang kang cedhak lemah. Wayah awan barang-barang mau nyerep panas srengéngé, nanging ing wayah wengi kelangan panas saka prosès kang mau radiasi termal.[1]

Nalika barang-barang ing cedhak lemah dadhi adem, suhune mèlu suda.[1] Hawa kang adem ora cukup nadhahi hawa kang anget. Nalika hawa kang adem tambah adem, bisa dadèkake titik bun. Titik bun ya iku suhu kang isih cukup nampung uwab banyu. Nalika hawane tambah adem, uwab mau dadhi bun.

Bun dumadi saka titik embun kang jendhel, lan mau bun jendhel utawa bun putih. Bun jendhel dumadi nalika titik jendhel ing ngisore titik beku, lan dadeake uwab banyu kang luber langsung beku ing dhuwur barang-barang kang paling chedak.[1]

Bun jendhel ya iku pola kang dumadi saka kristal-kristal es kang dumadi ing dhuwur suket, godhong, lan liya-liyané. Embun beku dumadi ing wayah wengi, mligi wengi kang adem lan ora ana awan nalika suhu mudhun nganti 0 C ya iku suhu titik beku banyu.[1]

Kabentuke bun jendhel

[besut | besut sumber]

Bun jendhel lan bun dumadi saka cara kang padha. Wayah awan bumi nyerep panas saka srengéngé, lan dadi adem ing wayah wengi. Bun jendhel dan embun terbentuk kanthi cara kang ora beda adoh. Mudhune suhu luwih dhuwur ing wayah wengi kang cerah katimbang wengi berawan, amarga ora ana awan kang mantulke ucule panas bumi.[1]

Nalika prosès pengadheman mau, uwab banyu ngemun lan wujud titik-titik bun. Separo titik-titik mau jendhel nalika suhu mudhun dadi 0 °C. Titik-titik bun terus nambah lan dadi kristal beku nalika titik-titik embun nimg kiwa-tengené nguap dadhi uwab banyu. Nalika suhu ing ngisore titik jendhel, uwab banyu bisa dadi kristal es tanpa malih dadi titik embun. Kristal-kristal jendhel ana loro, siji persis pilar lan sijiné persis piring. Kristal kang wujud piring kabentuke rata lan mirib kristal hima. Kristal-kristal pilar wujud cagak es kosong wujud segi enam.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g Proses Terbentuknya Embun (Pengembunan) (diundhuh tanggal 19 Septeber 2012)

Pranala njaba

[besut | besut sumber]