Wong Madura
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(6,8 yuta (cacah jiwa 2000)) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Provinsi Jawa Wétan: 6,2 yuta | |
Basa | |
Madura, Indonésia, Jawa | |
Agama | |
Islam lan ana minoritas Kristen | |
Golongan ètnik magepokan | |
Wong Bugis, Wong Melayu |
Wong Madura ing Indonésia cacahé kira-kira ana 15 yuta. Asale urip ing Pulo Madura lan pulo-pulo saindhengane, kaya ta Gili Raja, Pulo Sapudi, Pulo Raas lan Kangean. Kajaba iku, wong Madura urip ing wetaning Jawa Wétan, kaya ta mila pinggir sagara saka Surabaya nganti Banyuwangi. Wong Madura ing Situbondo lan Bondowoso, lan wétané Probolinggo cacahé paling akèh, lan ora ana sing bisa Basa Jawa.
Wong Madura uga urip ing Kalimantan, sing tas ana konflik lan rajapati ing Sampit lan Sambas. Wong Madura dhasaré wong sing seneng ngranto, amarga kaanan tlatahe sing ora becik kanggo tani. Wong Madura seneng dhodholan lan dominan ing pasar-pasar. Kajaba iku akèh sing nyambut dhadi pengepule wesi-wesi tuwa lan barang-barang rombeng liyané.
Wong Madura misuwur amarga sipate sing keras, gampang nesu, nanging gemi lan sregep ing penggawéan. Kanggo minggah Kaji, wong Madura sanajan mlarat mesti nglumpukake pangasilane (najan sethithik) kanggo simpenan kaji. Kajaba iku wong Madura diweruhi duwé tradisi Islam sing medhok, sanajan kadang nglakoni Pethik Laut utawa Rokat Tassè' (padha karo Larung Sesaji).
Harga diri, uga paling wigati ning uripé wong Madura, dhèwèké duwé paribasan Lebbi Bhâghus Potè Tolang, atèmbhâng Potè Mata. Tegesé, luwih becik mathi ketimbang kewirangan. Tradisi carok uga asalé saka sipat iku.
Ora sithik wong Madura kang dadi tokoh nasional kaya ta:
- Mahfud MD (mantan Ketua Mahkamah Konstitusi)
- Wardiman Djojonegoro (Mantri Pendidikan dan Kebudayaan Indonesia ing taun 1993 nganti taun 1998 nalika papréntahan Présidhèn Soeharto sajeroning Kabinet Pembangunan VI)
- Rachmat Saleh (Gubernur Bank Indonesia ing taun 1973 nganti taun 1983 lan Mantri Perdagangan Indonesia taun 1983 nganti taun 1988)
- R. Hartono (mantan jenderal kanthi pangkat paling dhuwur ing TNI Angkatan Darat yaiku jenderal bintang papat kanthi kalungguhan paling dhuwur minangka Kepala Staf TNI Angkatan Darat). Dhèwèké minangka siji-sijiné perwira tinggi saka korps Kavaleri kang éntuk pangkat jenderal (bintang papat) uga (Mantan Mantri Penerangan)
- M.A. Rachman (Jaksa Agung Republik Indonesia ing periode 2001 nganti 2004)
- Hadi Purnomo (Mantan Ketua Badan Pemeriksa Keuangan BPK)
- Nurmahmudi Ismail (Mantan Mantri Kehutanandan Présidhèn PKS)
- Soedjono C. Atmonegoro (Jaksa Agung Republik Indonesia ing Kabinet Pembangunan VII)
- Herman Widyananda (Mantan Wakil Ketua Badan Pemeriksa Keuangan periode 2009-2011)
- Banurusman Astrosemitro (Kepala Kepolisian Negara Republik Indonesia periode 1993–1996)
- Hanafie Asnan (Mantan Kepala Staf TNI Angkatan Udara)
- Muhamad Arifin (Mantan Kepala Staf TNI Angkatan Laut periode 1989-1993)
- Roesmanhadi (Mantan Kepala Staf Kepolisian RI).
- D. Zawawi Imron (Tokoh penyair lan budayawan Madura kang kondhang kanthi jujuluk Clurit Emas. Dhèwèké minangka tokoh budayawan kelairan Sumenep.
- Achsanul Qosasi (Anggota VII BPK RI 2014-2019, Mantan Manajer Persepam Madura United)
Uga ana tokoh pejuang kamardikan kang pantes dadi Pahlawan nasional Indonesia kaya ta:
- Trunojoyo, kang wis nglawan Kolonial Walanda (VOC taun 1677).
- Halim Perdana Kusuma salah sijiné pahlawan Nasional kelairan Sampang kang palastra ing semenanjung Malaya
- Kyai Taman, yaiku sawijining pejuang Islam kang nglawan Walanda taun 1919
- Kyai Djauhari, bukak cabang Hizbullah ing Prenduan. Dimadegake ing taun 1944, Hizbullah yaiku organisasi militèr nom-noman Majelis Muslimin Indonesia (Masjumi), organisasi kang kaprabawan kanthi nasional nalika semana.
- KH. Abdullah Sajjad, salah sijiné pengasuh Pondok Pesantren An-Nuqayah salah sijiné pahlawan saka Kabupatèn Sumenep.
- KH. Mawardi, salah sijiné pengasuh Pondok Pesantren Sumber Anyar salah sijiné pahlawan sakaPamekasan.
Madura uga duwé tokoh ulama kaya ta
- Syaikhona Kholil Bangkalan
- KH Bahaudin Mudhary
- K.Abdul Majid Bata-bata
- K.Moh.Ilyas Guluk-guluk
- K. Abdul Hamid Baqir Banyuanyar
- KH.M.Tidjani Djauhari
- KH. M. Idris Djauhari
- K.Jufri Marzuqi Sumber Batu (kang nampa gelar al-Syahidul Kabir déning PBNU)