Menyang kontèn

Utara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Utara (Dewanagari: उटर; IAST: Uttara) utawa Prabu Utara iku jeneng salah siji putra Wiratha, raja Krajan Matsya. Utara iku putra kaping pindhoné Prabu Matswapati/Durgandana, raja nagara Wirata karo permaisuriné kang jenengé Dèwi Ni Yutisnawati/Rekatawati (putri angkaté Resi Palasara karo Dèwi Durgandini. Utara duwé adhi kandhung cacahé telu, yaiku Arya Séta, Arya Sangka/Wratsangka, lan Dèwi Utari.[1]

Utara iku ksatria kang duwé rasa kaperwiran kang gedhé, asipat gagah prakosa, kendel, pinter, sarta pinter migunakaké sanjata panah. Utara nikah karo Dèwi Tirtawati, putriné Prabu Tasikraja (raja saka Krajan Tasikretna). Dhéwékè nikah bebarengan karo nikahané adhiné sing jenengé Arya Wratsangka. Arya Wratsangka nikah karo Dèwi Sindusari (adhiné Dèwi Tirtawati) sawisé bisa matèni Arya Girikusuma lan bapaké, Prabu Prawata saka nagara Bulukapitu.[1]

Ing naskah Wirataparwa dhéwékè dicaritakaké minangka pangéran kang takabur. Utara mudhun ing prang Bharatayuda minangka sénapati prang Pandawa didhampingi karo Arya Seta minangka Sénapati Agung. Nalika Krajan Matsya diserang déning Korawa jangkep karo wadyabala Hastinapura. Dhéwékè mangkat kanggo ngadhang wadyabala iku lan mung dikancani karo kusir kretané, yaiku waria kang jenengé Wrehanala.

Nanging sawisé tekan ing ngarepé mungsuh, Utara mudhun saka krétané lan lumayu amarga kewedèn. Wrehanala banjur kapeksa mbuka samarané. Jebul dhéwékè iku Arjuna saka kaluwargané Pandawa kang lagi diukum amarga kalah togèl nglawan Kurawa. Banjur Utara dioyak lan sawisé kecekel Utara dijagongaké ing bangku kusir. Sawisé iku, Arjuna nggantékaké Utara nglawan mungsuhé kang nalika iku wis wiwit ngrampasi peternakan duwèké Krajan Matsya.

Prastawa menangé Arjuna saka serangan Hastinapura iku ndadékaké Utara dadi wong kang kendel. Dhéwékè mèlu ing Perang ing Kurukshetra‎ ngréwangi Pandawa. Ing dina kang pisanan Utara palastra dipatèni Salya, ratu ing Krajan Madra.

Matiné Utara ndadékaké seduluré kang jenengé Arya Séta ngamuk lan matèni mungsuh-mungsuhé. Nanging dhéwékè pungkasané mati amarga dipatèni Bisma. Seduluré Utara kang liyané yaiku Sangka uga mati dipatèni Durna.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b Solikhin lan Ki Waluyo. 2007. Mengenal Tokoh Wayang Jilid Tiga. Surakarta: Asih Jaya. Halaman 137-138.
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa