Menyang kontèn

Teuku Umar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Teuku Umar
Lair1854
Meulaboh
Pati11 Fèbruari 1899
Meulaboh
Kondhang ingPahlawan Nasional Indonésia

Teuku Umar (Meulaboh, 1854-Meulaboh, 11 Fèbruari 1899) yaiku pahlawan kamardhikan Indonésia kang mimpin perang gerilya ing Acèh nalika jaman Walanda.[1] Teuku Umar iku bojone salah siji pahlawan nasional Indonésia, Cut Nyak Dhien.[1] Dhèwèké kapundhut nalika bala Walanda nyerang Meulaboh, mayitipun disarekake ing Mugo.[1]

Asal-usul

[besut | besut sumber]

Teuku Umar lair ing laladan Meulaboh,Acèh Barat nalika taun 1854.[1] Asmane bapake yaiku Ahmad Mahmud keturunan Uleebalang, Meulaboh.[1] Buyute Umar asalé saka keturunan Minangkabau yaiku Datuk Makudum Sati.[1] Salah sijining keturunane Datuk Makudum Sati prenah nduwé jasa marang Sultan Acèh nalika kena ancaman saka Panglima Sagi sing péngin ngrebut palungguhane.[1] Nalika umur 20 taun, Teuku Umar kawin karo Nyak Sopiah, anak Uleebalang, Glumpang.[2] Teuku umar kawin karo Cut Nyak Dhien, sing nalika iku lagi baé dadi randa anyaran amarga bojone, Teuku Ibrahim Lamnga, kapundhut nalika nglawan Walanda.[3] Saka Cut Nyak Dhien, Teuku Umar nduwé anak wadon siji kang dijenengi Cut Gambang.[3]

Riwayat Perjuangan

[besut | besut sumber]

Karir sing paling kondhang dilakoni déning Teuku Umar yaiku strategi perange nalika perang nglawan Walanda. Tanggal 5 April 1873, Walanda lan prajurite kang cacahé 3000 nyerang Karajan Acèh Darussalam lan bisa nguwasani tekan Masjid Raya Baiturrahman.[4] Nanging wadyabala Acèh bisa ngampleng balik prajurit Walanda nalika Mayor Jenderal JHR. Kohler ditembak mati.[4] Walanda sing krasa keteteran ngundang bala saka Batavia. Bala-bala rewangan saka Batavia ndadèkaké para pejuang Acèh kalang kabut.[5] Akèh bala Acèh kang palastra ing medan perang, ing antarané yaiku gugure Teuku Ibrahim Lamnga tanggal 29 Juni 1878.[5] Teuku Umar sing tansah mangerteni kaanan pasukane, wusanane duwé penggalih supaya bala Acèh bisa duwé daya kanggo nglawan Walanda, yaiku Teuku Umar ethok-ethok nyerah karo Walanda.[5] Nanging sejatine taktik mau duwé ancas njupuki senjatane bala Kompeni kanthi cara alus.[5] Nalika wis dipercaya, Teuku Umar bali marang wadyabala Acèh kanthi nggawa perbekalan lan persenjataan nganggo kapal Bengkulen.[5]

Akhir Hayat

[besut | besut sumber]


Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g [Mardanas Safwan,1981:34]
  2. [Hazil, 1955:48]
  3. a b [H.M. Zainuddin et. al., 1972: 4]
  4. a b [Marwati Djoenoet dan Nugroho Notosusanto,1992: 427]
  5. a b c d e [Ahmad Effendi,1975: 34-35]

i