Menyang kontèn

Siti Hajar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Hajar (Arab:هاجر, Ibrani:הָגָר) inggih punika garwanipun Nabi ibrahim sarta ibu saking Nabi Ismail. Wiwitananipun Siti Hajar minangka réncang Nabi ibrahim, nanging sémah nabi ingkang kapindha Sarah mandul utawi boten saged gadhah laré, piyambakipun dhawuh dhateng Ibrahim supados nggarwa Hajar. Hajar ugi patutan inggih punika nabi Ismail.[1]

Biografi

[besut | besut sumber]

Rikala Sarah dipunpundhut déning Pirngon kanggé dipundadosaken selir, Allah maringi pitulungan dhateng Sarah saéngga Pirngon ajrih saha gagal nggarwa Sarah, amargi sampun gagal nggarwa Sarah, Pirngon ajeng ndadosaken Sarah batur tukon kanggé Hajar, nanging Hajar dipundadosaken bebungah dhumateng Ibrahim. Miturut kitab Qishash al Anbiya karya Ibnu Katsir, Hajar punika salah satunggal putri bangsa Qibthi (Mesir). Miturut buku Qishash al Anbiya buku koleksi kawruh Nabi, Hajar punika putri ratu Maghreb, pinisepuh nabi-nabi Islam, ramanipun dipunpejahaken déning Pirngon ingkang namanipun Dhu l-'arsh kang dipundadosaken batur tukon. Hajar asalipun saking tembung Ha ajruka (Basa Arab kanggé "punika upahmu"). Miturut kisah sanèsipun, Hajar punika putri saking ratu Mesir.

Perjuangan Siti Hajar ngopéni Ismail

[besut | besut sumber]

Rikala wiwitan Hajar dipunbekta Ibrahim saking Kan’aan dhateng lembah kang gersang, sajatosipun Hajar ajrih sanget amargi éwed madosi toya saha panganan, Ibrahim mangertosi kaanan ingkang dipunalami déning sémahipun, nanging Hajar ugi mangertosi menapa ingkang dipunlakoni déning garwanipun minangka dhawuhipun Allah, pramila Hajar nampi kaanan punika kanthi yakin Allah boten naté nelantaraken piyambakipun.[2] Sapaninggalipun Ibrahim, Hajar namung dipunkancani kaliyan Ismail. Énjing punika Ismail muwun kepéngin ngunjuk saha dhahar, sapunika Hajar kesah dhateng bukit Shafa kang ngarepakaen supados wonten tiyang, nanging boten wonten.[2] Saking bukit Marwa katingal toya kang medalaken cahya, Hajar nyaketi sumber punika, nanging kanyataanipun boten wonten, Hajar ugi ningali ing bukit Shafa wonten toya, nanging kanyataanipun boten wonten, piambakipun lelampahan ngantos ping pitu saking bukit Shafa dhateng bukit Marwa ngantos sukunipun medalaken rah. Hajar ngantos ajeng nyerah, nanging sasampunipun dugi ing griyanipun, Hajar ningali putraanipun boten muwun malih, dipuntingali ngantos premati, ing sukunipun Ismail wonten sumber toya, lajeng Hajar rikat-rikat mundhut toya punika kanggé dipununjukaken déning putranipun.[2] Hajar boten naté kéndel kanggé muji asma Allah, amargi wonten ing papan punika kathah kaberkahan ngantos Ismail ageng.[2]

Kawruh Hajar ingkang ngulang-ngulang madosi toya kanggé putranipun, lumampah antawisipun bukit Safa saha Marwa dipunkhususaken kanggé para umat muslim (Sa`i Arab: سَعِي). Nalika ngibadah haji saha umrah, peziarah kedah muteri bukit Safa saha Marwa ngantos ping pitu ingkang ancasipun ngenang pangorbananipun Hajar madosi toya kanggé putranipun. Ritual punika nggambaraken sukuran saking kaibuan wonten ing Islam, ugi kapamarsaan tiyang éstri.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b (ing basa Arab)Biografi Siti Hajar (dipununduh 13 Novèmber 2012)
  2. a b c d Perjuangan Siti Hajar ngopéni Ismail(dipununduh 13 Novèmber 2012)