Jembawan
Miturut mitologi Hindhu, Jembawan (Sanskerta: जाम्बवान; Jāmbavāntha) utawa Jambawanta utawa Jamwanta, iku beruang kang dipitaya urip ing jaman Kertayuga nganti tekan jaman Dwaparayuga. Jembawan iku putrané Resi Pulastya saka patapan Grastina. Dhèwèké iku sing momong Subali utawa Guwarsi, putrané Resi Gotama. Nalika prastawa Cupu Manik Astagina, Jembawan mèlu nyempung menyang tlaga Sumala lan wujudé owah dadi wanara utawa kethèk.[1]
Ing wiracarita Ramayana, Jembawan karo bala wanarané ngréwangi Rama nggolèki Sita. Nalika Jembawan ana ing pinggir pasisir kang misahaké Alengka karo dharatan India, Jembawan ngajak Anoman supaya gelem mabur menyang Alengka lan ketemu karo Sita. Sadurungé, Anoman kena kutukan yèn dhèwèké ora bakal nglalèkaké sakabèhing kaprigelané, nganti ana wong kang ngelingaké. Wong sing bisa ngelingaké Anoman yaiku Jembawan.
Nalika Subali karo Sugriwa rebutan Dèwi Tara lan Krajan Kiskendha, Jembawan bali menyang pertapan Grastina ngopeni Anoman kang ditinggal mati ibuné, Dewi Anjani. Sadurungé Anoman dimong déning Kapi Saraba. Sawisé Anoman gedhé, Anoman lan Jembawan ngabdi marang Sugriwa ing Guwa Kiskendha.[1]
Nalika perang gedhée ing Alengka, Jembawan mèlu mudhun ing palagan, dadi salah siji senopati perang bala wanara. Amarga bektiné iku, Jembawan malih rupa dadi manungsa sing bagus rupané. Mula bisa ngéntukaké Dewi Trijatha, putriné Arya Wibisana. Putrané yaiku Dewi Jembawati kang sawisé diwasa dadi bojone Prabu Kresna, ratu ing Dwarawati.[1]
Sawisé perang ing Alengka, Jembawan lan kulawargané urip ing patapan Gadamadana. Ing kana, Jembawan urip minangka brahmana. Jembawan séda lan disarèkaké ing patapan Gadamadana.[1]