Hidroponik
Hidroponik asalé saka tembung Yunani ya iku hydro kang tegesé banyu lan ponos kang tegesé daya utawa kerja.[1] Dadi hidroponik tegesé mbudidayakaké tuwuhan kanthi mupangataké banyu dadi médhia kanggo nandur utawa kena diarani soilles.[1] Hidroponik ora nggunakaké lemah kanggo nandur.[1] Tuwuhan kang dibudidayaké kanthi cara hidroponik ya iku tuwuhan kang larang regané, tuwuhan iki lumrahé rikat payu nalika didol ing pasaran.[1] Tuwuhan kang ditandur kanthi cara hidroponik umpamané paprika, tomat, timun jepang, melon, térong jepang, seladha.[1] Saliyané jinis tuwuhan ing dhuwur uga ana jinis tuwuhan liyané kang dibudidayakaké kanthi cara hidroponik nanging lumrahé mung kanggo hobi.[1]
Nandur tuwuhan kanthi sistem hidroponik ing donyaning tetanèn wis ora dadi sistem kang anyar manèh.[1] Nanging nganti saiki akèh masarakat kang durung ngerti kanthi cetha piyé carané nandur kanthi sistem hidroponik lan apa waé kauntungané.[1] Hidroponik luwih mentingaké nutrisi kanggo tuwuhan nalika ditandur.[1] Tèknik nandur hidroponik digawé amarga manungsa ngerti wigatiné rabuk kanggo tuwuhan.[1]
Ing endi waé panggonané tuwuhan bisa thukul kanthi subur yèn kabèh nutrisi utawa unsur hara kang dibutuhaké dicukupi.[1] Ing kontèks iki fungsiné lemah ya iku kanggo nyangga tuwuhan lan banyu kang ana dadi dat kang nglarutaké unsur hara utawa nutrisi kang dibutuhaké saéngga bisa disesep tuwuhan.[1] Saka pola pikir iki akiré digawé tèknik nandur kanthi sistem hidroponik, déné sistem iki luwih ngutamakaké kabutuhan nutrisi utawa unsur hara kang dibutuhaké tuwuhan.[1]
Bahan kang dibutuhaké nalika arep nandur kanthi sistem hidroponik ya iku pot kang ukuran lan gedhéné dicocokaké karo tuwuhan kang dadi maskot.[2] Tuwuhan maskot iki bisa wujud janganan kaya ta térong lan liyané kaya ta tuwuhan taunan kaya ta dhondhong, jambu, utawa kembang-kembangan.[2] Pot kang digunakaké luwih becik pot kang tingkat lan ana wadhah kanggo nampung banyu ing ngisoré.[2] Bahan saka pot uga digawé saka lemah lempung lan plastik, loro-loroné duwé kaunggulan lan kakurangan dhéwé-dhéwé.[2] Pot kang digawé saka lemah lempung duwé kaunggulan bisa njaga stabilitas suhu medhia, nanging luwih rikat lumuten lan rikat rusak.[2] Déné pot kang digawé saka plastik luwih awèt nanging ora bisa dirembesi banyu saka témbok pot saéngga stabilitas medhia ora stabil.[2] Sawisé iku banjur digunakaké medhia tandur kaya ta pasir, watu apung putih, watu zeolit, pecahan bata, watu kali dan kawat kasa nilon.[2] Kanggo njaga sterilitas bahan, luwih becik kabèh bahan digodhog dhisik sadurungé dadi medhia kanggo nandur.[2] Déné tandurané dijupuk saka tuwuhan kang wis thukul ing njero polybag lan wis siyap direplanting ing njero pot.[2]
Ing 2017, Kanada duwe atusan hektar omah kaca hidroponik komersial skala gedhe, ngasilake tomat, mrico lan timun.
Amarga kemajuan teknologi ing industri lan akeh faktor ekonomi, pasar hidroponik global diramal bakal tuwuh saka US$226.45 yuta ing taun 2016 dadi AS$724.87 yuta ing taun 2023.[3]
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i j k l m sabah.org.my Archived 2007-03-13 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 1 Juli 2011)
- ↑ a b c d e f g h i scribd.com(diundhuh tanggal 1 Juli 2011)
- ↑ Wood, Laura (2017-12-06). "Global Hydroponics Market Report 2017-2023: Market is expected to grow from $226.45 million in 2016 to reach $724.87 million by 2023 - Research and Markets". Business Wire (ing basa Inggris). Berkshire Hathaway. Dibukak ing 2018-04-01.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |