Bathara Surya
- Kanggé kagunan sanès saking Surya, mangga mriksani Surya
Bathara Surya | |
---|---|
Dewane Srengéngé | |
World | Kahyangan Ekacakra |
Personal information | |
Children | Sang Hyang Rawiatmeja Adipati Karna |
Parents |
|
Siblings | Sang Hyang Wungkuham Sang Hyang Siwah Sang Hyang Wrehaspati Sang Hyang Yamadipati Sang Hyang Candra Sang Hyang Kuwera Sang Hyang Tamburu Sang Hyang Kamajaya Dewi Sarmanasiti/Darmastuti |
Miturut crita pedhalangan, Bathara Surya putrane Sang Hyang Ismaya (Semar) lan Dewi Senggani sing angka 5. Duwe kadang 9 cacahe. Wondene urutane: (1) Sang Hyang Wungkuhan (Sang Hyang Bongkokan), (2) Sang Hyang Siwah, (3) Sang Hyang Wrehaspati, (4) Sang Hyang Yamadipati, (5) Sang Hyang Surya (Bathara Surya iki), (6) Sang Hyang Candra, (7) Sang Hyang Kuwera, (8) Sang Hyang Tamburu, (9) Sang Hyang Kamajaya, (10) Dewi Sarmanasiti (Darmanastiti).
Bathara Surya dewaning srengenge utawa dewaning rahina (awan). Kahyangane ing Ekacakra. Garwane 2, yaiku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni.
Manut pakem pedhalangan, Dewi Ngruna lan Ngruni pinaringan antiga (endhog) niji dening Bathara Guru. Antiga iku pinangkane saka Dewi Kastapi ( putrane putri Bathara Wisnu kang ditrimakake marang Garudha Brihawan, titihane Bathara Wisnu). Antiga kang diparingake dening Dewi Ngruna pungkasane netes dadi Garudha Sempati lan Jenthayu (Jathayu). Kang kaparingake marang Dewi Ngruni pungkasane netes dadi Naga Gumbang lan ula cilik-cilik pirang-pirang.
Bathara Surya kagungan kreta kang tinarik jaran cacahe 7. Ya kreta iki kang nate digunakake Bathara Wisnu kanggo nggiles Prabu Watugunung ratu ing Gilingwesi nganti tumeka ing seda, sawise kebedhek cangkrimane. Wondene cangkrimane Prabu Watugunung ana 4, yaiku: (1) Wit dhakah (gedhe) woh dhikih (cilik), (2) Wit dhikih woh dhakah, (3) Wit dhakah woh dhakah, (4) Wit dhikih woh dhikih.
Bathara Wisnu kang wektu iku wujud pandhita, peparab Resi Satmata, nuli ambedhek cangkrimane Prabu Watugunung: (1) Wit dhakah woh dhikih iku antarane wit ringin, wite gedhe wohe cilik. Karepe, priyayi luhur, senadyan nurunake wong cilik tetep diopeni, (2) Wit dhikih woh dhakah, iku antarane semangka, wite cilik wohe gedhe, handayani lan nyegerake awak, (3) Wit dhakah woh dhakah, iku antarane krambil, wite gedhe wohe uga gedhe. Akeh sakabehe lan gedhe pigunane, (4) Wit dhikih woh dhikih, iku antarane lombok, wite cilik wohe uga cilik, rasane pedhes, nanging uga gedhe dayane. Iku mau jenenge Supila wipula, karepe manungsa kudu ngerti marang pigunane. Karepe Prabu Watugunung, kabeh turun-turune lan para kulawargane supaya tansah pinilala dijupuk daya pigunane, lan ngelingana sejarah lan bibit kawite. Yaiku mula bukane petungan Pawukon.
Wujude wayang Bathara Surya gagrag yogya ana 2, jangkahan lan bokongan. Yen gagrak surakarta, ngagem topong (kaya makuthane Adipati Karna) lan nganggo jubah.
Putrane Bathara Surya kang asring kocap mung 2: (1) Sang Hyang Rawiatmaja (kang nurunake para ratu Maespati, (2) Adipati Karna.
Carita Cupu Manik Astagina
[besut | besut sumber]Bathara Surya naté paring bebungah wujud cupu marang Dewi Windradi garwane Resi Gotama.[1] Nanging Cupu Manik Astagina malah dadi rebutan putrane ya iku Guwarsa lan Guwarsi.[1] Dewi Windradi disabda dadi tugu déning Resi Gotama.[1] Déné Guwarsa lan Guwarsi malih dadi kethèk (dadi Sugriwa lan Subali) sawisé nyemplung tlaga Sumala amarga nggoleki cupu sing dibuncang Resi Gotama.[1] Dewi Anjani mung raup lan wisuh mula rail an tangane dadi wujud kethèk.[1]
Wiyosé Karna
[besut | besut sumber]Bathara Surya uga naté nglakoni sanggama karo Kunthitalibrata saéngga lair Suryaputra.[2] Kadadeyan iku sarana kena walat utawa kutukan mantra Aji Kunta Wekasing Rasa Sabda Tunggal Tanpa Lawan.[3] Dewi Kunthi wiwit timur pancen dhemen ngangsu kawruh babagan ngèlmu.[3] Awit saka iku, Kunthi meguru klawan Brahmana kang aran Resi Druwasa, banjur diwènèhi Aji Kunta Wekasing Rasa Sabda Tunggal Tanpa Lawan.[3] Ilmu mau duwé daya kang ampuh kanggo ngundang Déwa.[3] Resi Druwasa wanti – wanti mantra mau ora éntuk diucapake nalika adus utawa arep turu.[3] Nanging Kunthi ora percaya babagan daya mantra Aji Kunta, awit saka iku Dewi Kunthi nyoba ngucapke mantra mau nalika srengéngé arep surup.[3] Kunthi lungguh ndodok ing tengah senthong kanthi tangane tempuk lan mripate merem dhèwèké ngucapke mantra mau.[4] Lantaran iku Bathara Surya sing kudune ngaso, dadi kepincut banjur mara tekan kamare Kunthi, kebeneran Kunthi lagi arep adus.[3] Nalika mangerteni Bathara Surya ana ngarepe, Kunthi gugup banjur nggayuh klambi kang ana ing sandhinge, nanging sing kecekel mung kemben, saéngga mung saparo saka awake kang bisa ketutup.[3] Pungkasané Kunthi gelem nglakoni sanggama klawan Bathara Surya.[3]
Sajeroning agama Hindhu
[besut | besut sumber]Miturut kapitadosan agama Hindhu, Surya (Devanagari: सूर्य surya, "Cahya Agung") punika asma déwa srengéngé (srengéngé). Surya ugi dipunpendhet wonten paringgitan minangka déwa ingkang nguwaosi saha ngatur surya, srengéngé utawi srengéngé. Pramila makaten, panjenenganipun dipunparingi gelar Bathara.Wonten ing kapitadosan agama Hindhu punika, Bhatara Surya dipungambaraken ngasta kreta ingkang dipungeret pitung jaran. Pitung jaran punika nggambaraken pitung warna kluwung utawi pitung cakra. Kreta punika dipunkusiri déning Aruna, saduluripun Garuda-putranipun Dewi Winata.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Surya. |
- ↑ a b c d e Subardi. 2000. Mutiara Rinonce Budi pekerti ing Pewayangan. Jakarta
- ↑ Marsono, Hendrosaputro, Waridi. 1999. Ensiklopedi Basa Jawa. Yogyakarta: Lembaga Studi Jawa
- ↑ a b c d e f g h i "Pitoyo.com". Diarsip saka sing asli ing 2009-02-26. Dibukak ing 2011-04-25.
- ↑ "Dunia Wayang". Diarsip saka sing asli ing 2011-10-10. Dibukak ing 2011-04-25.
- Pages using infobox deity with unknown parameters
- Pages using infobox deity without type param
- Articles having different image on Wikidata and Wikipedia
- Artikel Wikipedia kanthi GND identifiers
- Kaca kanthi kategori kontrol otoritas sing durung digawe
- Artikel Wikipedia kanthi LCCN identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi VIAF identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi identifikasi WorldCat-VIAF
- Wayang