Pas Bahasa Jawa

Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 13

PEMERINTAH KOTA SEMARANG

KOORDINTOR SATUAN PENDIDIKAN KECAMATAN MIJEN


SD NEGERI TAMBANGAN 01
Alamat: Jalan RM Hadi Soebeno S KM 12 Semarang  024 – 76671625

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GENAP SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Hari, tanggal : Rabu, 21 April 2021
Waktu : 120 menit

I. Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a , b , c , utawa d sing mathuk pinangka


jawabane !

1. Wacanen kanthi patitis geguritan iki !


Prabu Puntadewa ratu watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas, lila donya
lila ing pati. Apa bae barang darbeke, yen ana sing njaluk mesthi diparingake. Nadyan
sugenge pisan yen ana sing njaluk, mesthi dililakake. Sajake urip ora tau ngapusi
(goroh) lan ora nate perang. Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya kersa
goroh kanggo kemenangane Pandhawa, nalikane Pandhita Drona jumeneng
Mahasenapati ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora kersa. Prabu
Puntadewa tetep ngendika jujur, “ingkang pejah Hesthitama”. Mung olehe ngendika
“Hesthi” lirih, “Tama”ne banter. Satemah dadi jalaran Pandhita Drona bingung, lan
bisa dipateni dening Raden Trusthajumena.
Amarga saking banget ngati –atine, ora kersa gawe seriking liyan, lan ora
kersa goroh, mula Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking
sucine uripe.
………………………………………….
Prabu Puntadewa duwe watak ….
A. suci uripe
B. ludirane seta
C. ora tau goroh
D. sabar lan iklas
2. Wacanen kanthi patitis geguritan iki!
Sepi ing Mangsa
Sepine bengi ora kaya padatan
Maruta ngekes nyiram kahanan
Jangkrik sing ngerik wingi wis ginanti
Swara kodhok pating ceglung
Mecah petenging wengi iki
Sepine bengi iki wis ginanti
Telesing latar prasasat tumeka awak
Adhem ngekes kagawa angin
Wus wayahe ganti mangsa
Geguritan ing ndhuwur nyritakake wayah bengi ing mangsa ....
A. mareng
B. ketiga
C. labuh
D. udan

3. Saben arep tumeka ing wulan poso, ing kutha Semarang dianakake
tradhisi ngiring warak ngendhok. Tradhisi mau tansah dianakake ing saben tahun.
Bapak Walikota ndherek ing arak-arakan mau kanthi ngagem busana kanalendran
kapatah dadi Pangeran Pandhanarang. Lumakune awit saka kantor Balekota nganti
Masjid Agung Semarang. Lan ing Pasar Jowar digelar aneka warna dodolan bocah-
bocah awit saka drumolem nganti tong setan. Ora ketinggalan dodolan grabah uga
digelar, umpamane kendhi, celengan sapi, lan liya liyane.
Tradhisi kanggo nyongsong wulan pasa jenenge ….
A. Dugdheran
B. Sekaten
C. Nyadran
D. Megengan

4. Tulisan jawa diwaca ....


A. Kembang mawar
B. Kembange mawar
C. Kembang maware
D. Kembonge mawar

5. Wacanen kang patitis !


Kancil wis bisa ngapusi macan nganggo jenang dodol karo sabuk. Mula
anggone lumayu sipat kuping. Sumelang menawa bisa katututan ing pangoyaking
macan. Ambekane krenggosan, awake gumeter, raine pucet.
Dumadakan playune kandheg ing kali gedhe kang banjir, apa maneh
wayahe wis surup lan isih udan deres. Kancil arep nyabrang ora wani, klintar-
klinter golek dalan ora ana, arep nyabrang ora wani, amarga kaline amba lan
banyune santer. Banjur linggih thenger-thenger karo mikir golek akal supaya bisa
nyabrang.
Dumadakan ana baya mathungul karo kandha “Lha kebeneran kowe cil,
Wis suwe kowe dak arep-arep. Kowe mesthi dak caplok saiki, mergo kowe ngapusi
aku”.
Kancil mangsuli kanthi sareh:
“O, Baya! Sarehna dhisik olehmu arep nyaplok aku! Ngertia tekaku mrene
iku diutus dening kanjeng Sang Raja. Aku didhawuhi cacahake pira kehe baya
utawa bajul sing manggon ana kali iki. Kowe sakancamu arep diganjar daging
nyetenggok. Mula
kanca-kancamu undangen kabeh aja ana kang keri. Kabeh konen jejer saka pinggir
kene tekan pinggir kana, kareben gampang anggonku ngetung”.
………………………………………………………………………………………

Sing dadi tokohe ing crita mau yaiku ….
A. macan
B. Baya
C. kancil
D. Raja

6. Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki !

Tutur bener puniku,


Sayektine apantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra papeki,
Lamun becik nggone muruk,
Iku pantes sira anggo.
Tembang sing kacetak miring tegese ....
A. Ngisor drajate
B. Dhuwur drajate
C. Apik drajate
D. Lumrah drajate

7. Ing Ngastina, Dewi Kunthi nglairake bayi kang awujud bungkus. Dhawuhe Dewa,
bungkus kudu di buang ing alas Kredawahana. I ng pertapaan,Raden Permadi
ngabarake kahanan Bima Bungkus marang Begawan Abiyasa. Amarga si bungkus
nggegerake donya, Batara Guru ngutus Gajah Sena kanggo mecah si bungkus lan uga
ngutus Dewi Umayi kanggo ngajari babagan apik. Sak sampunipun si bungkus
pecah,si bungkus mateni Gajah Sena. Banjur Batara Narada maringi asma Bratasena.
Crita wayang ing ndhuwur nyritakake laire ....
A. Puntadewa
B. Werkudara
C. Janaka
D. Nakula

8. tulisan jawa yen diwaca ...


A. Layang kabar aku anyar
B. Layang kabar iku anyar
C. Laying kabar iku anyar
D. Layang kabar iki anyar

Wacan iki kanggo njawab pitakon nomer 9 – 10 !


Assalamualaikum Wr.Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan,
Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin
rencang-rencang ingkang kula tresnani.Puji syukur konjuk wonten
ingngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita
sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged
makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan
anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged
ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing
pawitan menika.
Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan
Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung,
saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga
saged nggulawenthah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna
kanthi biji ingkang maremaken.Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun
pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa,
awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani
penggalih panjenengan sedaya.
Mekaten ingkang saget kula aturaken. Mbokbilih wonten klenta klentunipun
anggen kula matur, kula nyuwun pangapunten.

9. Bagian panutupe sesorah katunjukake nomer ….


A. 1
B. 2
C. 3
D. 4

10. Sesorah ing ndhuwur katindakake ing acara ....


A. tetepangan
B. muludan
C. perpisahan
D. Pitulasan

11. Gatekna gambar wayang iki !

Gambar wayang ing ndhuwur satriya seka ....


A. Jodipati
B. Pringgondani
C. alengko
D. Plasajenar

12. Para bapak kulo aturi pinarakan ingkang sekeca, merga acara badhe kawiwitan.
Tembung kacetak miring ora trep, sing bener ….
A. mulo
B. amarga
C. mergi
D. amargi
13. Ojo yo bu, aku digawakke.
Ukara nduwur yen diowahi nganggo basa krama dadi….
A. Ampun kesupen yo bu, kulo dibektake ganti.
B. Ampun kesupen gih bu, kulo dipunbektake gantos.
C. Ampun kesupen gih bu, kulo dipunbektaaken ganti.
D. Ampun kesupen gih bu, kulo dipunbektaaken gantos.

14. Tulisan jawa


,diwaca ....
A. Panemuku mau pikiren dhisik
B. Panemuku mau dipikir dhisik.
C. Panemu mau pikiren dhisik
D. Panemuku mau piker dhisik.

15. Pangkur
Ayo padha sregep maca
Yaiku maca buku basa jawi
Bukune sing werna biru
Isine basa krama
Ngapalno Krama inggil lan krama alus
Nganti bisa maca lancar
Lan ora ngisin-ngisini

Tembang pangkur ing ndhuwur isine pitutur supaya ....


A. Sinau basa jawa
B. Maca buku jawa
C. Nganggo basa krama
D. Bisa maca jawa

Wacan iki kanggo mangsuli nomer 16 – 18 !


Kacarita ing Kasultanan Demak ana sawijining pangeran kang ajejuluk
Made Pandan. Panjenengane kagungan putra aran Raden Pandan Arang. Ing
sawijining dina
Raden Pandan Arang sarta para pandhereke nyumurupi bab kang nyalawadi. Ing
lemah kang subur iku prenahe sela-selane tanduran tuwuh wit asem sing pating
plencar arang-arang. “He, sedulurku kabeh padha gatekna,” pangandikane Raden
Pandan Arang marang para pandhereke. “Wonten menapa Raden?” Pitakone
saperangan pandherek. “Sawangen! Ing sela-sela tanduran kang subur iku, tuwuh
wit
asem,” pangandikane raden Pandan Arang. “Oh, inggih leres Raden.” Tumangape
wong-wong sing dherekake. “Ning kok sajak nyalawadi temen,” Pitakone wong-
wong
mau rada gumun. “Aneh, wit-witan asem iku thukule rada adoh-adoh utawa arang-
arang. Kamangka lemah kene subur. Mesthine tuwuhe kerep ora arang-arang ngene
iki”. “Inggih leres Raden, punika tuwuhipun sajak nyalawadi,” sambunge para
pandhereke.
16. Tokoh utamane crita mau yaiku ….
A. Pandan Arang
B. Raden Pandan
C. Sultan Demak
D. Wali Demak

17. Manut crita mau latar critane ana ing ….


A. Kasultanan Demak
B. Kutha Semarang
C. Lemah kang subur
D. Sor wit asem

18. “Aneh, wit-witan asem iku thukule rada adoh-adoh utawa arang-arang.” Tembung
thukule padha tegese karo tembung ….
A. wohe
B. kembange
C. wite
D. tuwuhe

Wacanen kang patitis !


Wonten ing crita wayang kanthi lelampahan, Srikandi dados senopati perang
Pandhawa nggantosi Resi Seta, inkang gugur dening Resi Bisma. Wonten ing
paprangan ing Kurusetra mengsah Wara Srikandi ndadosaken pejahipun Resi
Bisma. Resi Bisma ngertos menawi Srikandi menika wanita, mila resi Bisma
mboten saged nglampahi perang. Amargi piyambakipun mboten purun perang
kaliyan wanita. Pramila gamanipun lajeng dipun selehaken. Kahanan mekaten
dipun gunakaken Raden Harjuna ingkang ndhelik sak wingkinge Srikandi. Lajeng
nglepasaken jemparing, saengga Resi Bisma gugur.
………………………………………………………………………………
19. Ing perang nglawan Baratayuda, Srikandi madeg dados senapati nggantosi ….
a. Prabu Salya
b. Resi Bisma
c. Resi Seta
d. Raden Harjuna

20.
. Ukara nganggo aksara iku diwaca ….

A. Becik ketitik ora ketara


b. Becik ketitik ala ora ketara
c. Becik ketitik ala ketara
d. Becik ala mesti ketara

Wacan iki kanggo mangsuli nomer 21 – 23 !


Bedhug... Dher.. Dugderan
Dhugderan yaiku salah siji budaya utawa tradhisi sing ana ing Semarang.
Tradhisi sing wis turun temurun mau nduweni makna lan tujuan sing ora adoh saka
agama Islam, yaiku kanggo pratandha wulan Ramadhan arep wiwit tanggal pira.
Biasane tradhisi dhugderan dilakokake seminggu sedurunge wulan Ramadhan, lan
puncak adicarane sedina sedurunge pasa.
Dhugderan kuwi saka tembung Bedhug lan Dher, dher..saka suara meriam.
Jaman biyen sing nganakake dhugderan yaiku Bupati Aryo Purbaningrat.
Piyambake gawe tradhisi kuwi kanggo ngandhani yen wulan pasa arep teka.
Kawiwitan tahun 1881 dhugderan wiwit ana ing Semarang, adicara kuwi
dilakokake kanthi ana arak-arakan bedhug sing dikawal karo prajurit Kadipaten
Semarang. Pusat adicara iki ana ing Masjid Agung Kauman pasar Johar Semarang.
Ana ing adicara dhugderan ana maskot saka Semarang, Warak Ngendhog.
Warak ngendhog yaiku kewan khayal sing dadi maskot Semarang, maskot mau
nduweni teges yen ana ing Semarang kuwi ana akulturasi budaya. Ana budaya
Jawa, China, lan Arab, budaya mau dadi siji ana ing Semarang lan ninggalake
budaya.
Ing jaman saiki dhugderan ora mung dianakake utawa dipusatke ana ing
Masjid Kauman, nanging ing Masjid Agung Jawa Tengah uga ana. Pemerintah
gawe kawicaksanaan kuwi amarga ing dhugderan akeh wong sing dodolan. Sing di
dol ana ing dhugderan uga akeh, ana cenderamata, dolanan tradisional, panganan,
uga ana klambi.
Kebudayaan sing kudu dijaga lan dilestarikake ana akeh ning Indonesia
khususe budaya Jawa. Budaya lan tradhisi kudu dijaga kareben ora dijupuk bangsa
liya sing luwih seneng karo budayane dewe.

21. Sapa sing ngawiti dianakake dhugdheran ing kutha Semarang ?


a. Bupati Aryo Diningrat
b. Walikota Sukawi
c. Gubernur Ganjar Pranowo
d. Walikota Hendy Budoro

22. Budaya Dhugderan dipusatake ing ….


a. Mesjid Demak
b. Mesjid Agung
c. Simpang Lima
d. Balaikota

23. Salah sijine cara nglestareake budaya Dhugderan yaiku kanti ….


a. Leboke museum
b. Diganti budaya sing moderen
c. Dipengeti saben tahun
d. Dipindah panggonane

Wacanen kanthi patitis crita wayang iki kanggo mangsuli nomer 24 – 27 !


Peperangan bengi kuwi medeni banget. Gatotkaca kedadeyan mateni satuma
Korawa sing nduwe jeneng Lembusa. Ning dheweke dhewe kelangan kapindho
pak-like, yaiku Brajalamadan lan Brajawikalpa sing tewas bareng mungsuh-
mungsuh dekne kabeh, nduwe jeneng Lembusura lan Lembusana.
Gatotkaca akhire ngadhep karo Karna, panduwe senjata Kontawijaya. Dheweke pun
mujudake kembaran awake saakeh sewu wong dadine nggawe Karna rumangsa
kebingungan. Dhuwur pituduh bapake, yaiku Batara Surya, Karna kedadeyan nemu
Gatotkaca sing asli. Dheweke cucul senjata Konta menyang arah Gatotkaca.
Gatotkaca nyoba ngindari karo cara mabur sadhuwur-dhuwure. Ning arwah
Kalabendana dumadakan muncul nangkep Kontawijaya karo ngantekne kabar saka
kahyangan menawa ajal Gatotkaca wis ditetapkan bengi kuwi.
Gatotkaca pasrah marang keputusan saka para dewata. Ning dheweke duwe pesen
supaya mayite isih bisa digunakne kanggo mateni mungsuh. Kalabendana setuju.
Dheweke banjur njojoh puser Gatotkaca nggunakne senjata Konta. Pusaka kuwi
musnah nyawiji karo wrangkane, yaiku kayu Mastaba sing isih ana ing jero weteng
Gatotkaca.
Gatotkaca wis tewas saknalika. Arwah Kalabendana banjur nguncalke mayite
menyang arah Karna. Karna kedadeyan mlumpat lan lolos saka pati. Nanging
kretane rusak ketiban awake Gatotkaca sing mabur banter saka kahayangan.
Pamburine, pecahan kreta kesebut melesat mabur samubarang arah lan menewaskan
para prajurit Korawa sing ana ing teparo. ora ketung akehe pira cacah dekne kabeh
sing pada mati.
Demikian cerita gugurnya gatotkaca dalam pewayangan jawa. Meski demikian
terdapat sedikit perbedaan antara kisah kematiannya pada cerita mahabharata.

24. Kalabendana setuju. Dheweke banjur njojoh pusere Gatotkaca nggunakne senjata
Konta.
Tembung njojohsing kacetak miring iku tegese ….
a. nuncep
b. ngiris
c. mbeleh
d. nyuwek

25. Perang antarane Gatutkaca lan Karna kalaksanakaken ing wayah ….


a. esuk
b. awan
c. sore
d. bengi

26. Manut crita ing ndhuwur Gatutkaca duweni watak ….


a. kemlinthi
b. kumalungkung
c. kendel
d. jirih

27. Sifat apik sing diduweni Gatutkaca miturut crita mau yaiku ….
a. Mbela negarane
b. Wani sesumbar
c. Bisa mabur
d. Senjatane ampuh

A Wis rapopo nang, sesuk kowe mesthi menang, mulo sinau sing tenanan.
B Alhamdulillah, wedhusku manak loro, suk nek gedhe nggo kurban.
C Wayange wis wiwit ayo ndang nonton, ketoke rame banget.
D Yo wis,… barang wis kebacut ilang, sesuk sing ngati-ati.
E Asyik…, aku ditumbaske pit anyar !

28. Ukara sing mratelakake nyenengake dituduhake aksara ….


a. A , B , C
b. B , C , E
c. A , D , E
d. B , D , E

29. Ukara ngiso iki sing nuduhake pengalaman ora nyenengake yaiku….
a. Ngerti wong tuwo kecebur blumbang.
b. Iso ngrampungke garapan kanthi bener.
c. Latihan numpak pit nabrak songkro.
d. Menangi omahe tonggone kobong.

30. Topic crita sing nuduhake pengalaman nyenengake yaiku….


a. Mongso udan
b. Melu kemah
c. perpisahan
d. upacara

Gatekna tembang mocopat iki kanggo mangsuli nomer 31 – 33 !

Kinanthi
wajibe murid puniku
ngudi ilmu kanthi esthi
angel yen durung diwaca
mula becik den titeni
susah seneng den rasakna
kanggo sangu urip iki

31. Mula becik den titeni. Tembung kang kagaris ngisore kosok baline ….
a. saru
b. niat
c. karep
d. ala

32. Tembang kinanthi iku nduweni watak ….


a. Pitutur becik
b. menging becik
c. Nglakoni becik
d. Nyegah becik

33. Manut tembang ing ndhuwur isine babagan ….


a. Sangu urip
b. Niteni wacan
c. Wajibe murid
d. Nggolek ilmu

Gatekna pidato ngisor iki !


Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu
Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-
rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit
ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga saged makempal
kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan
anggenipun

nggulawenthah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken


kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.

Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak
Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah
pinaringan kasarasan, kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawenthah
dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang
maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring
ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca
ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga
mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa
ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


34. Ukara sing dadi panutupe pidato yoiku ….
A. Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula
ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin
B. Kula minangka wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan
anggenipun nggulawenthah dhumateng kula sekanca, saengga saged
ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan menika.
C. Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca
asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa
kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
D. Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah
bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
35.
1 Saderengipun monggo kulo dherekaken muji syukur dhumateng Alloh
ingkang moho kuwoso, ingkang sampun paring nikmat dhateng kita sedoyo.
2 Ibu Kepala Sekolah ingkang kulo hormati, soho Bapak Ibu Guru ingkang
kulo hormati
3 Assalamukalaikum Warohmatullohi Wabarokatu.
4 Rencang-rencang kelas VI soho adhik- adhik ingkang kulo tresnani
5 Kulo pinangka wakil rencang rencang badhe matur wonten acara perpisahan
menika.

Ukara ing ndhuwur diurutke dadi pambukane pidhato, kanthi urutan ….


A. 3 , 1 , 2 , 4 , 5
B. 3 , 2 , 4 , 1 , 5
C. 3 , 2 , 1 , 4 , 5
D. 3 , 1 , 4 , 2 , 5

36. Mboten kesupen wonten ing pepanggihan punika, awit asring ndamel Bapak Ibu
duka lan kuciwa. Atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani
penggalih panjenengan sedaya. ....

Ukara kanggo mbacutake sesorah sing trep yaiku ....

A. Kulo sak rencang namung nyuwun donga pangestu


B. Kulo sak rencang namung nyuwun pangestunipun
C. Kulo sak rencang namung nyuwun pangapunten
D. Kulo sak rencang nyuwun donga lan pangapunten

37. Ukara kang mathuk kanggo panutupe sesorah yaiku ….


a. Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten
b. Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur kula.
c. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan
Bapak Ibu
d. Nuwun Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan,
Bapak/Ibu Guru

38. Adi : Pakdhe, sonten-sonten kok taksih ten kebon?


Pakdhe : Iyo Di, durung rampung iki.
Adi : Taksih nopo to pakdhe?
Pakdhe : Resik-resik di.
Adi : Lha niku, punapa ingkang panjenengan lampahi pakdhe?

Pakdhe : Iki aku ugo arep nandur wit gedhang sing di jaluk karo budhemu kae.
Adi : Oalah, nalika wingi sonten kula nggih mireng menawi budhe sambat
kaliyan
Pakdhe babagan menika.
Pakdhe : Ora mung kuwi tujuane, nanging iki uga ana manfaate kanggo lingkungan .
Adi : Leres niku pakdhe, mugi-mugi dados amalipun pakdhe
Pakdhe : Aamiin
Adi : Nggih pun, kulo pamit wangsul rumiyin nggih Pakdhe, sampun badhe
maghrib.
Pakdhe : Iyo Di, ati-ati.

Pacelaton ing nduwur isine babagan ….


a. pakaryan
b. nenandur
c. gedhang
d. budhene

39. Windy : Assalamualaikum, Bu Nisa.


Bu Nisa : Waalaikumsalam, eh windy! Ana apa?
Windy : Kula bade tangklet, punapa nilai kula kirang nggeh?
Bu Nisa : Entenana sedela ya.
Windy : ....
Wangsulane Windy sing trep yaiku ….
a. Matur nuwun Bu.
b. Mangke gih Bu.
c. Inggih Bu.
d. Mbenjang gih Bu.

40. Dani :” Rin, wingi diparingi tugas opo karo bu Ida ?”


Rini :” Ora ana. Wingi mung dikandani nek awake dewe kon sregep maca.”
( Wangsulane Rini karo ngleboke buku neng laci meja.)

Dani :” O.., yowis. Kowe gelem ora ciki ? Iki aku mau tuku loro ing kantin
sekolah.”
Rini :” Wah…, kebeneran, aku mau arep tuku neng Indomaret durung
bukak, je.”
Pacelaton ing nduwur katindakake ing ….
a. kelas
b. Kantin
c. indomaret
d. ngomah

II. Wangsulana pitakon ngisor iki kanthi jawaban kang bener !


41. Gatekna tembang gambuh iki !
Aja seneng mung udur
Karo tangga ora gelem akur
Sapolahe wong liya disulayani
Umuk ngakune wong luhur
Kamangka jatine asor
Manut tembang mau, tulisen 4 tuladha ala sing kudu disingkiri ana ing
pasrawungan!
42. Salinen tulisan jawa ngisar iki nganggo aksara latin !
43. Gambar ngisor iki nggambarke rikala arak – arakan ngadhepi wulan pasa ing kutha
Semarang. Critakna gambar ngisor iki nganggo 4 ukara ben dadi crita sak paragrap
kanthi runtut !
44. Saben bocah mesthi tau ngalami kedadeyan kang nyenengake. Pengalaman
nyenengake mau isa kanggo pengeling- eling. Tulisen pengalamanmu kang
nyenengake mau nganggo 4 ukara ben dadi crita kang apik !
45. Gatekna pacelathon ngisor iki !
A : Piye Kabare?
B : Apik. Hla kowe piye?
A : Aku ya apik. Wah, wis suwe ora ketemu ki. Kangen rasane karo kanca.
B : Saiki kowe wis nyambut gawe apa durung?
A : Aku durung nyambut gawe isih nganggur. Hla kowe piye?
B : Alhamdulillah, aku wis oleh gawean. Ya wis ayo mangan bareng ning warung
mi
ayam kae. Tak traktir, tenang wae.
A : Ayo.
Babagan apa isine pacelathon ndhuwur mau ?

You might also like