Augur
Augur yaiku pandhita ing mangsa kuna, yaiku Romawi kuna lan Etruria[1]. Tugas mligi meandhegani upacara katemtu lan nafsirake kehendak déwa kanthi nyinau mabure manuk (yaiku apa mabure bebarengan/dhèwèkan, swara-swara apa kang diswarake nalika manuk iku mabur, arah mabure lan jinis manuk apa). Upacara lan tugas augur wigati nalika nemtokake langkah kang kudu dilakoni ing babagan perdagangan, perang, keagamaan utawa permasyarakatan.
Ing Romawi kuna, augur yaiku péranganing sawijining pakempalan pandhita. Nalika diadegaké Républik (510 SM), namung para bangsawan kang éntuk dadi augur nanging sawisé 300 SM, rakyat biyasa uga bisa dadi augur. Yèn kadadéan kekosongan posisi augur, anggota senior sajeroning pakempalan badhé majokke calon kanggé disarjuki utawa ditolak déning anggota liyané. Wiwitane namung ana telu wong augur, sajeroning perkembangan sateruse nambah nganti dadi lima las augur.
Uga delengen
[besut | besut sumber]Cathetan sikil
[besut | besut sumber]
Artikel bab sajarah iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |