Menyang kontèn

Menara Babil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 9 Oktober 2023 00.36 déning InternetArchiveBot (parembugan | pasumbang) (Rescuing 1 sources and tagging 0 as dead.) #IABot (v2.0.9.5)
() ← Révisi sadurungé | Révisi wekasan (bé) | Révisi sabanjuré → (bé)
Lukisan "The Tower of Babel" karya Pieter Brueghel the Elder (1563).

Menara Babèl sapunika simbol saking raos sombong tur angkuh manungsa.[1], sampun dipunsebut wonten kitab penciptaan, kaliyan Kitab perjanjian ingkang lami.[2] Menara punika dipunyasa kaliyan raja Nimrod (asma sanèsipun saking raja Namrud), anak putu saking nabi Nuh nalika jaman Babilonia kuna, sampun lami wonten sadèrèngipun Nebukadnezar amerintah dinasti Babilonia.[2] Bapa ibunipun Nimrod punika Cush, putranipun Ham.[2]

Sajarah Menara Bibel

[besut | besut sumber]

Manawi miturut cariyos, kutha Babilonia kaliyan kutha Ninive punika kutha ingkang kapisan dipunyasa raja Nimrod.[2] Marilah kita dirikan bagi kita sebuah kutha, dengan sebuah menara yang puncaknya sampai ke langit. Marilah kita cari nama supaya kita jangan terserak ke seluruh Bumi,” kados punika alesan Nimrod,(katulis wonten Kitab Penciptaan).[2] Lambert Dolphin wonten The Tower of Babel and The Confusion of Languages maringi priksa bab alesan menara mau dipunyasa, inggih punika kanggé kapuasan piyambak kaliyan raos megahing diri.[2][3] Pambangunan kutha mau ngelambangaken kaangkuhan nuli kaserakahan manungsa ugi kasenengan manungsa ingkang wegah manawi kedah misah-misah.[2][3] Mula kados punika dipunyasa kutha Babilonia[3] kaliyan kutha Ninive, ingkang dados kutha pusat kagiyatan kaliyan kanggé nyepaki kabutuhan.[2] Nanging nalika, masarakat ingkang yasa ngendikan “Marilah kita cari nama, marilah memegahkan diri”, manungsa dados ngreraos manawi piyambakipun adigang adigung ugi adiguna.[2] Menara punika dipunyasa kanggé kapuasan ugi kabutuhan badan, jiwa kaliyan semangat, malah wonton pepenginan badhé damel menara ingkang nganthos langit, manawi saged malah bisa dados cagaking Matahari.[2] Katamakan ugi kasombongan punika ingkang andamel Tuhan maringi hukuman supados masarakat wonten tlatah punika misah-misah nuli boten saged mangertosi abasa saking tiyang sanès.[2][3] Tujuanipun saking yasan kasebat inggih punika supados kabudayan ingkang sanès saged luluh ugi saged dados satunggal.[2]

Menara Babèl sapunika saged dipungandheng kaliyan menara (migdol) ingkang dipunyasa kanggé simbok paling inggil kanggé déwa utawi dewi ingkang dipunpuja wonten tlatah mau.[1] dipunyasa kaliyan Nimrod.[2] Bentukipun Ziggurat kathah tingkatipun.[1] Menara mau ngalami karusakan ageng nalika perang taun 652-648 sadèrèngipun masehi, nanging dipundandani kemalih kaliyan raja Nebukadnezar II (605-562 SM), yasan punika ingkang kapanggih Koldewey nalika taun 1899.[1] Herodotus nalika taun-/+ 460 SM, nyariosaken manawi yasan mau kapanggih wonten papan saking jaman kuna (tablet), ingkang seratanipun ngagem abasa Mesir kuna saking taun 229 SM.[1]

Menara Babel dipunrusak Xerxes nalika taun 472 SM

[besut | besut sumber]

Aleksander ngresiki ambrukanipun supados saged yasa kemalih, anaging boten dados amargi piyambakipun ninggal dunnya.[4] Patok-patok ingkang dados batesanipun nuli dipunbuwang kaliyan masarakat ingkang wonten punika, sapunika tlatah mau dipunsebat Etemenanki utawi bolongan (Es-Sahn).[4] Wonten ingkang nyamikaken yasan kasebat kaya ta Es-Shan, ingkang dipunsamikaken sisa-sisa saking ziggurat ingkang taksih wonten saking tlatah Borsippa (Mod Birs Nimrud), 11 km pérangan tenggara Babèl (hambok manawi saking jaman NeoBabilonia).[4] Dipunduga kemalih, miturut Alkitab.[4] Dur-Kurigalzu (Aqar Quf), wonten pérangan tenggara Bagdad.[4] Nanging kutha mau dipunyasa nalika taun 1400 SM.[4] Ingkang saged dados kasimpulan, cariyos kitab ingkang nyariosaken bab sajarah kadadian menara utawi yasan-yasan punika boten saged punpitados.[4] Teks tebal

Deskripsi saking Menara Bibel

[besut | besut sumber]

Kanthi sapunika dèrèng wonten bukti Arkéologi, manawi kutha Babel sampun wonten sadèrèngipun dinasti kapian (+/-1800 SM).[4] Nanging miturut tradisi Babèl ugi seratan sajarah saking Sharkalisharri, nyariosaken manawi raja saking Agade kr 2250 SM yasa manèh menara kuil (Ziggurat) ingkang wonten Babèl.[4][5] Bentukipun tingkat-tingkat (Ziggurat), Wujud mau dipunkembangaken kemalih nalika +/-3000 SM dupun milai saking tumenos utawi panggung ingkang nyangga kuil caketipun kaliyan kuil-kuil ingkang wonten kutha kaya ta kuil wonten Erekh ugi kuil wonten 'Ukair.[4] Menara punika ngalami kerusakan ingkang ageng nalika perang (taun 652-648 SM), nanging dipundandani kemalih nalika masanipun Nebukadnezar II (605-562 SM).[4] Banguna punika ingkang dipunjlentrehaken Koldewey nalika tau 1899.[4] Lantai ingkang paling ngandhap ukuranipun 90x90 m, inggilipun 30 m.[4] Wonten lantai ingkang andhap punika dipunyasa gangsal lantai inggilipun 6 kanthi 18 m.[4] Manawi tambah inggil, lantainipun inggilipun nambah alit ukuranipun.[4] nganggé makutha saking yasan punika, wonten tataran lantai ingkang paling inggil dipunyasa kuil.[4] Ingkang dados anggepan nalika jaman punika, kuil mau dados papan kadhatengan para Déwa nalika gadhah urusan kaliyan manungsa.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e Menara Babèl dipununduh tanggal 24 Mèi 2011
  2. a b c d e f g h i j k l m taman gantung dan menara babilonia Archived 2010-03-10 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 26 Mèi 2011
  3. a b c d agama dan sindrom menara Babèl Archived 2010-09-17 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 27 Mèi 2011
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q babel, babilonia dipununduh tanggal 23 Mèi 2011
  5. MISTERI BABILONIA Archived 2011-04-19 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 24 Mèi 2011