Wikipédia:Pendhapa
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a2/Pet_cemetery_at_Lisbon_Zoo_%282024%29.jpg/200px-Pet_cemetery_at_Lisbon_Zoo_%282024%29.jpg)
Kuburan kéwan ya kuwi kuburan kanggo kéwan. Senadyan pamumulé lan ngubur kéwan klangenan wis dipraktèkaké wiwit jaman kuna, kuburan sing kusus kanggo kéwan ora lumrah nganti pungkasan abad kaping-19. Akèh kabudayan manungsa ngubur jisiming kéwan. Contoné wong Mesir Kuna mumifikasi lan ngubur kucing, sing dianggep déwata; salah sijiné kuburan kéwan lawas dhéwé iku kuburan kéwan Berenice, sing mliginé dienggo ngubur kucing, lan ditemokaké nalika èkskavasi plabuhan Berenice Troglodytica ing taun 2011 lan dienggo antara abad kapisan lan kapindho Masèhi. Para arkéolog nemokaké menawa asu dikubur ing sandhingé manungsa ing Sibéria nganti sakiwa tengené 8.000 taun kapungkur. Kuburan asu Ashkelon, iku kuburan kéwan klangenan sing dikawruhi lan gedhé dhéwé. Kuburan iki ditemokaké ing Taman Nasional Ashkelon, Ashkelon, Israèl.
Maca sabanjuré ...
Ing dhuwur kapacak foto wit sing dipaèsi rupa-rupa ati kanggo ngrayakaké Dina Valentine ing San Diego, California nalika surya 14 Fèbruari 2007.
- 1867 - Kapal ingkang kaping sepindhahan nglangkungi Terusan Suez.
- 1895 - Balet Danau Angsa, kanthi musik saking Pyotr Ilyich Tchaikovsky, dipuntontonaken kanggé sepindhahipun ing Saint Petersburg, Rusia.
- 1745 - Karaton Surakarta dipun-adegaken minangka pindhahan saking Kartasura sabibaripun Gègèran Cinten.
- 1996 - Garry Kasparov ngawonaken superkomputer Deep Blue ing tetandhingan catur.
- 2010 - Klompok gerilyawan MILF nulak tawisan otonomi paling énggal ingkang dipunajokaken Pamaréntah Filipina. (Kompas)