Wikipédia:Pendhapa
Kuburan kéwan ya kuwi kuburan kanggo kéwan. Senadyan pamumulé lan ngubur kéwan klangenan wis dipraktèkaké wiwit jaman kuna, kuburan sing kusus kanggo kéwan ora lumrah nganti pungkasan abad kaping-19. Akèh kabudayan manungsa ngubur jisiming kéwan. Contoné wong Mesir Kuna mumifikasi lan ngubur kucing, sing dianggep déwata; salah sijiné kuburan kéwan lawas dhéwé iku kuburan kéwan Berenice, sing mliginé dienggo ngubur kucing, lan ditemokaké nalika èkskavasi plabuhan Berenice Troglodytica ing taun 2011 lan dienggo antara abad kapisan lan kapindho Masèhi. Para arkéolog nemokaké menawa asu dikubur ing sandhingé manungsa ing Sibéria nganti sakiwa tengené 8.000 taun kapungkur. Kuburan asu Ashkelon, iku kuburan kéwan klangenan sing dikawruhi lan gedhé dhéwé. Kuburan iki ditemokaké ing Taman Nasional Ashkelon, Ashkelon, Israèl.
Maca sabanjuré ...
Ing dhuwur kapacak foto wit sing dipaèsi rupa-rupa ati kanggo ngrayakaké Dina Valentine ing San Diego, California nalika surya 14 Fèbruari 2007.
- 1451 - Murad II, Sultan Turki Usmani tilar donya lan dipungentosaken putranipun, Mehmed II.
- 1468 - Johann Gutenberg, pangripta mesin cithak Jerman (miyos kirang langkung 1390-an) séda.
- 1969 - Ing Kairo, Yasser Arafat dipunlantik minangka pamimpin PLO ing Dewan Nasional Palestina.
- 1984 - Pesawat ulang-alik Challenger dipunluncuraken ing misi luar angkasa kaping sedasa.
- 1989 - P.W. Botha ngunduraken dhiri saking pucuk pimpinan partai lan ugi kaprésidhènan Afrika Kidul.