Menyang kontèn

Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 74.375 artikel

Kuburan kéwan ya kuwi kuburan kanggo kéwan. Senadyan pamumulé lan ngubur kéwan klangenan wis dipraktèkaké wiwit jaman kuna, kuburan sing kusus kanggo kéwan ora lumrah nganti pungkasan abad kaping-19. Akèh kabudayan manungsa ngubur jisiming kéwan. Contoné wong Mesir Kuna mumifikasi lan ngubur kucing, sing dianggep déwata; salah sijiné kuburan kéwan lawas dhéwé iku kuburan kéwan Berenice, sing mliginé dienggo ngubur kucing, lan ditemokaké nalika èkskavasi plabuhan Berenice Troglodytica ing taun 2011 lan dienggo antara abad kapisan lan kapindho Masèhi.[1] Para arkéolog nemokaké menawa asu dikubur ing sandhingé manungsa ing Sibéria nganti sakiwa tengené 8.000 taun kapungkur. Kuburan asu Ashkelon, iku kuburan kéwan klangenan sing dikawruhi lan gedhé dhéwé. Kuburan iki ditemokaké ing Taman Nasional Ashkelon, Ashkelon, Israèl.

Maca sabanjuré ...


Ing dhuwur kapacak foto wit sing dipaèsi rupa-rupa ati kanggo ngrayakaké Dina Valentine ing San Diego, California nalika surya 14 Fèbruari 2007.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 65.169 akun lan 74.375 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!