Wikipédia:Pendhapa

Kemangga, (jeneng liya mangga utawa kalamangga, sok-sokan angga-angga), iku sajinis kéwan kanthi awak ros-rosan (Arthropoda) mawa rong sègmèn badan, patang pasang sikil, ora duwé sewiwi lan ora duwé cangkem pamamah. Kabèh jinis angga-angga digolongaké ing ordho Araneae; lan padha karo kalajengking, tumo, caplak lan kerabaté—kabèh sing sikilé wolu—dilebokaké ing kelas Arachnida. Elmu sing nyinaoni ngenani angga-angga yaiku arachnologi.
Angga-angga wujud kéwan pamangsa (karnivora), malah kadhang uga kanibal. Mangsa mligi yaiku gegremet. Mèh kabèh jinis angga-angga, kajaba watara 150 spésies saka suku Uloboridae lan Holarchaeidae, lan subordo Mesothelae, bisa nyuntikaké wisa liwat sapasang taringé marang mungsuh utawa mangsané. Sanadyan mangkono, saka puluhan éwu spésies sing ana, mung watara 200 spésies kang wisane bisa mbebayani kanggo manungsa.
Ora kabèh angga-angga gawé sawang kanggo nyekel mangsa, nanging kabèh bisa ngasilaké bolah sutra utawa lamat—yaiku leran serat protéin sing tipis nanging kuwat—saka klanjer (ingaran spinneret) sing ana ing pérangan mburi badané. Serat sutra iki banget migunani kanggo mbiyantu obahé angga-angga, ngayun saka papan siji menyang papan liyané, njiret mangsa, nggawé kanthong endhog, nglindhungi bolongan susuh, lan liya-liyané.
Waca sabanjuré
Kapustakan Nasional (basa Polen: Biblioteka Narodowa, BN) iku kapustakan nasional Polen, tundhuk langsung marang Kamentrèn Budaya lan Warisan Nasional Polandia. Papan punjer Kapustakan Nasional dumunung ing dhistrik Ochota ing Warszawa, ing jèjèré Lapangan Mokotów. Iki salah sawijiné institusi budaya tuwa dhéwé ing Polen, sing wis kumarya ing taun 1747–1795 minangka Kapustakan Załuski, sing diaktifaké manèh ing taun 1928.
Kapustakan iki ngolèksi buku, jurnal, publikasi èlèktronis lan publikasi multi médhia sing dibabar ing laladané Polen saha uga ing dhiaspora Polonica ing nagara ngamanca. Kapustakan iki papan wigati dhéwé kanggo riset humaniora ing Polen lan uga papan kanggo nyimpen arsip sastra Polen lan punjer nagara ngenani informasi kapustakan- 1896 - Henri Becquerel nemokaké radioaktivitas.
- 1949 - Indonesia ngrebut Yogyakarta seka Walanda kang kondhang disebut Serangan Umum 1 Maret 1949.
- 1953 - Josef Stalin semaput sawisé ngalami stroke.