Wikipédia:Pendhapa
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a2/Pet_cemetery_at_Lisbon_Zoo_%282024%29.jpg/200px-Pet_cemetery_at_Lisbon_Zoo_%282024%29.jpg)
Kuburan kéwan ya kuwi kuburan kanggo kéwan. Senadyan pamumulé lan ngubur kéwan klangenan wis dipraktèkaké wiwit jaman kuna, kuburan sing kusus kanggo kéwan ora lumrah nganti pungkasan abad kaping-19. Akèh kabudayan manungsa ngubur jisiming kéwan. Contoné wong Mesir Kuna mumifikasi lan ngubur kucing, sing dianggep déwata; salah sijiné kuburan kéwan lawas dhéwé iku kuburan kéwan Berenice, sing mliginé dienggo ngubur kucing, lan ditemokaké nalika èkskavasi plabuhan Berenice Troglodytica ing taun 2011 lan dienggo antara abad kapisan lan kapindho Masèhi. Para arkéolog nemokaké menawa asu dikubur ing sandhingé manungsa ing Sibéria nganti sakiwa tengené 8.000 taun kapungkur. Kuburan asu Ashkelon, iku kuburan kéwan klangenan sing dikawruhi lan gedhé dhéwé. Kuburan iki ditemokaké ing Taman Nasional Ashkelon, Ashkelon, Israèl.
Maca sabanjuré ...
Ing dhuwur kapacak foto wit sing dipaèsi rupa-rupa ati kanggo ngrayakaké Dina Valentine ing San Diego, California nalika surya 14 Fèbruari 2007.
- 1932 - Jepang madegaken nagari boneka Manchukuo ing sisih wétan-lèr Tiongkok.
- 1943 - Goebbels, Mentri Propaganda Hitler, maringaken Pidato Sportpalast kanggé motivasi rakyat Jerman nalika wadyabala Jerman wiwit ngalami kamunduran salebeting Perang Donya II.
- 2003 - Kobongan ing satunggiling stasiun angkutan cepet ing Korea Kidul niwasaken 198 tiyang.