Menyang kontèn

Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 74.402 artikel
Kemangga
Kemangga
Kemangga iku sajinis kéwan kanthi awak ros-rosan (Arthropoda) mawa rong sègmèn badan, patang pasang sikil, ora duwé sewiwi lan ora duwé cangkem pamamah. Kabèh jinis angga-angga digolongaké ing ordho Araneae; lan padha karo kalajengking, tumo, caplak lan kerabaté—kabèh sing sikilé wolu—dilebokaké ing kelas Arachnida. Èlmu sing nyinaoni ngenani angga-angga yaiku arachnologi. Angga-angga wujud kéwan pamangsa (karnivora), malah kadhang uga kanibal. Mangsa mligi yaiku gegremet. Mèh kabèh jinis angga-angga, kajaba watara 150 spésies saka suku Uloboridae lan Holarchaeidae, lan subordo Mesothelae, bisa nyuntikaké wisa liwat sapasang taringé marang mungsuh utawa mangsané. Sanadyan mangkono, saka puluhan éwu spésies sing ana, mung watara 200 spésies kang wisane bisa mbebayani kanggo manungsa. Mata angga-angga lumrahé wujud mata tunggal (mata mawa lénsa tunggal), lan dudu mata majemuk kaya ing gegremet. Akèh-akèhé angga-angga duwé pandelengan sing ora patiya apik, ora bisa mbédakaké warna, utawa mung sing sensitip marang padhang lan peteng. (Waca candhaké)


Gedhong Kapustakan Nasional Polen ing Warszawa.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 65.672 akun lan 74.402 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
15 Maret: Ides of March; Hōnen Matsuri ing Jepang